Selasa, 02 Februari 2010

wayang

Bathara Guru



Bathara Guru iku ratuning para déwa kang ngratoni tribawana (triloka), yaiku jagad luhur, jagad madya, lan jagad andhap. tegesé jagad luhur yakuwi papan keraméyané para sukma (ruh) lan para déwa, jagad madya papan karameyane badhan wadhag (para manungsa), jagad andhap papan karaméyané para jin, setan, dhedemit, brekasakan, lan sapanunggalané. Kanthi mengkono, Bathara Guru klebu gedhé panguwasané, wenang mangrèh makhluk kang wujud badhan alus apadéné badhan wadhag.

Kahyangané Bathara Guru aran Jonggringsaloka. Mapan ing sapucuking Gunung Tenggur. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane pedunungane para dewa. Tembunge liya: Surapada, Suraloka, Kahyangan, kadewatan, terkadang ditembungaké kaswargan. Tebahane Suralaya iya jonggringsaloka iku jembar banget. Perangan-perangane ana kang diarani: Uttarasegara (kahyangane Bathara wisnu), Argadahana/Duksinageni (Kahyangané Bathara Brama), Bendharata/Indraloka (kahyangane bathara Indra), Suwelagringging (kahyangané bathara Sambu), Ekacakra (kahyangan sang Hyang Surya), Argadumilah (kahyangané Bathara Yamadipati),Cakrakembang (kahyangané Bathara Kamajaya),Sebaluri (kahyangané Bathara Antaga/Sang Hyang Puguh, Tejamaya (kahyangané bathara Ismaya),Selomangumpeng (kahyangané Bathara Kala), lan isih akèh manèh.

Garwané Bathara Guru ana loro, yakuwi :

  1. Dewi Uma (Umayi), putra putrine Sodagar Omaran iya Tayumuthu, trahe Bagenda Saleh saka Tanah Parashu. Karo Bathara Guru, Dewi Umayi peputra: Bathara sambu (Sambo), Bathara Brama, Bathara Indra (Bathara Surapati), Bathara Bayu, Bathara wisnu. Siji maneh dumadi saka kama salah, wujude buta gedhe bebisik Bathara Kala.
  2. Dewi Laksmi iya Uma Rakti (Uma Ranti), peputra telu, yakuwi Bathara sakra, Bathara Mahadewa lan Bathara Asma

Asal-usul

Bathara guru kuwi putrané Sang Hyang Tunggal lan Dèwi Wirandi, putrine Prabu yuyut, ratu jim ing negara Keling. Miturut crita pedhalangan, Bathara Guru dumadi saka antiga (endhog). Critané mangkéné:

Dewi Wirandi (garwane Sang Hyang Tunggal) kang mapan ing kahyangan Alang-alang Kumitir, babaran wujud endhog mawa cahya. Endhog mau bakal dipecah déning Sang Hyang Tunggal, nanging nalika arep dibanting, endhog mau mumbul mabur dhuwur. Sang Hyang Tunggal gagé mbujung aburé endhog.

Kacarita mlesaté endhog mawa cahya tumuju ing kahyangan Ondar-Andhir Bawana, kahyangané Sang Hyang Wenang (ramane sang Hyang Tunggal). Dening Sang Hyang Wenang, endhog mau dicandhak banjur dimantrani satemah dadi bayi cacah telu, kabeh bagus rupane. sing dumadi saka kulite endhog diparingi tetenger Sang Hyang Antaga (ing tembé dadi Togog), putihané endhog dadi Sanghyang Ismaya (tembé mburi dadi Semar Badranaya), lan kuningané diparingi tetenger Bathara Manikmaya (Bathara Guru)

Dasanama

Dasanamané Bathara Guru miturut padhalangan yakuwi : Sang Hyang Manikmaya, Sang hyang Pramesthi, Sang Hyang jagad Nata, Sang Hyang Girinata, sang Hyang Caturbuja (tegese bahuné cacah papat, Sang Hyang Nilakantha ( amarga duwé cacat belang biru ing tenggaké), Sang Hyang Lengis (duwé cacat apus ampéyané kang sisih kiwa), Sang Hyang Radduwakdha/Randhuwandha (awit cacat duwé siyung), Sang Hyang Hutipati, Sang Hyang Samba (amarga bagus citrané), sang hyang Jagad Pratingkah, Sang Hyang Lauthawalhujwa, Sang Hyang Trinetra (awit kagungan netra telu kang sajuga mapan ana larapane,lan Sang Hyang Syiwa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar